Selasa, 06 Maret 2012

pidato ketua panitia



Assalamu’alaikum wr. wb.
Kepala SMP Negeri 2 Ngayogyakarta ingkang dahat kinurmatan, Bapak Ibu guru, sagung para rawuh ingkang kula hormati, sarta kanca kanca ingkang kula tresnani.
            Kepareng wonten ing wekdal punika kula ingkang kapiji matur  pinangka talanging atur saking sadaya Panitia Pentas Seni badhe ngaturaken menggah ingkang dados wigatosin atur saking sadaya Panitia Pentas Seni.
            Namung saderengipun sumangga kita mboten kesupen tansah njunjungaken puji syukur  wonten ngarsaning Gusti ingkang maha agung ingkang sampun angluberaken rahmat sarta hidayah dhumateng kita panjenengan sami.
            Para rawuh ingkang kinurmatan, kepareng wonten ing wekdal punika sedaya Panitia Pentas Seni ingkang sepisan: sinaoso sampun kapenggalih randat, saestu kaaturaken sugeng rawuh sinartan atur agunging panuwun, awet sagung para rawuh sampun kersa rawuh minangkani atur panyuwunanipun sedaya Panitia Pentas Seni.
            Ingkang kaping kalih, kaaturaken agunging panuwun wonten ngarsanipun anggota OSIS SMP Negeri 2 Ngayogyakarta ingkang sampun kersa paring pambiyantu sae punika bea saha penggalihan ingkang saestu saget murakapi sahingga ndadosaken rancaking adicara wonten ing Pentas Seni punika.
            Salajengipun, sadaya panitia namung saget nyuwun samudra pangaksami mbok bilih anggenipun nanggapi, caos papan saha ing sedayanipun kapenggalih kurang trep saha nuju prana, saestu namung saget nyuwun lumunturing samudra pangaksami.
            Sagung para rawuh ingkang kinurmatan, mbok bilih naming mekaten ingkang saget kula aturaken, kathah lepat atur kula ingkang mboten nuju prana saestu namung saget nyuwun lumunturing samudra pangaksami.
            Pungkasaning atur, wassalamu’alaikum wr. wb.

0 komentar:

Posting Komentar